"Pak, nyuwun duwite, ngge sangu teng mBali..."
"Lah, maning si ko, ora ngerti... Kiye garep nyervis motor be urung kelakon koh..."
"Lah, pak.. Niki nganu, studytour sekolah pak... Saestu kula mboten ngapusi."
"Ge, bapakae ora ndue duwit, kae biyunge mbokan ndue, mau ngone dagang li payu."
Klius... Ratin lunga metu, karo nahan medegel atine.
------------------------
"Maling...! Maliiiing...! Maliing...!"
Pak RT, ramane Ratin... mbengi-mbengi ngorong-ngorong merga ana sing mbobol brangkase.
"Pak RT, mlajar teng pundi pak, malinge...!"
"Mlayu ngetan... Gelisan di oyoklah...Mengko nek kena gawa ngene yah..."
Wong se-RT pada playon ngoyok maling... Ora let sue, malinge wis kena, agun krukuban sarung.
"Yeee... Pak! Pak RT! Niki malinge...!"
"Ampuunn... ampuunn...! sakit pak, ampuunn...!"
"Buk..buk! plak!" Kabeh-kabeh pada nendang, ngeplaki malinge.
"Ampun pak..."
"Mage jajal kue sarunge dibukak!" Ora sabar, pak RT kepengin ngerti raine malinge.
"Astaghfirullah! Ratiiiinnnn.... Deneng si ko!
BNA, 05102014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar